Senin, 03 Januari 2011

| by Ananda Munkz Ariez

0

Jayabaya Musabar

Dene besuk nuli ala,
Tekane kang Tunjung Putih,
Semune Pudhak kasungsang
Bumi mekkah dennya lair,
Iku kang angratoni,
Jagad kabeh ingkang mengku.
Juluk Ratu Amisan,
Sirep musibating bumi,
Wong nakoda melu manjing ing samuwan
Prabu tusing walitullah,
Kedhatone pan kekalih,
Ing Mekkah ingkang satunggal,
Tanah Jawi kang sawiji,
Trenahe iku kaki,
Parek lan Gunung Perahu,
Sakulone Tempuran,
Balane samya jrih asih,
Iya iku ratu rinenggeng sajagad


0 komentar:

Posting Komentar